-->

TOP-LEFT ADS

Rabu, 21 September 2016

Contoh Pidato Singkat Bahasa Jawa Acara Porseni Sekolah

Loading...
Pidato Singkat Bahasa Jawa Porseni - Porsenitas atau biasa porseni merupakan suatu ajang yang sangat bermanfaat untuk mempererat hubungan antar sekolah, selain itu porsenitas juga sangat dibutuhkan demi mengasah dan melihat kemampuan siswa sesuai dengan bakatnya.

Pidato porsenitas, itulah tema yang akan saya tuliskan pada kesempatan kali ini, demi kemudahan menyampaikan dan menyambut acara porsenitas maka saya akan membagikan salah satu contoh pidato singkat tentang porsenitas, dimana anda dapat mencontoh dan belajar dengan contoh pidato bahasa jawa ini. Berikut adalah contohnya.


Contoh Pidato Singkat Bahasa Jawa Porsenitas


Contoh Pidato Singkat Bahasa Jawa Porsenitas


Pembukaan Pidato Porseni :


Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun, Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang satuhu kinurmatan, Bapak Ibu Guru karyawan ingkang kula kurmati. Para kanca ingkang tansah kula tresnani.

Mangga sesarengan kita ngaturaken puja-puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT awit saking rahmat saha barokahipun, kita saged makempal nindakaken adicara pembukaan lomba Porsenitas menika kathi wilujeng nir ing sambekala, ngantos dumugi paripurnaning acara Porsenitas, sageda lumampah kanthi sae, nggayuh lan mekaraken prestasi, tetandhingan kanthi jujur lan sportif.

Isi Pidato Porseni :

Kula minangka wakil OSIS ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak/Ibu Kepala Sekolah, Bapak Ibu Guru lan karyawan ingkang sampun ndherek nyengkuyung ing acara dinten menika. Matur nuwun awit supaya bimbingan saha panyengkuyungipun Bapak/Ibu, saengga lomba Porsenitas menika saged kalampahan lan samangke saged lumampah mboten wonten alangan satunggal menapa.

Perlu kawuningan bilih Porsenitas menika minangka salah satunggaling sarana kangge mekaraken hobi lan bakatipun para siswa wonten ing babagan seni, olahraga lan ketrampilan. Tuladhanipun hobi utawi bakat babagan nembang macapat, maos geguritan, ndamel kaligrafi aksara Jawi, nyanyi, nggambar, olahraga basket, tenis meja, voli, lan sanes-sanesipun. Pramila dhumateng para siswa sumangga ing Porsenitas menika sageda mujudaken hobi utawi bakatipun.

Ingkang menang utawi dados juwara samangke sampun lajeng pamer, gumedhe lajeng rumaos paling pinter tinimbang kanca sanesipun. Dene ingkang kalah ampun ngantos rumaos sakit ing manah, saengga lajeng mboten gadhah semangat kangge majeng tetandhingan malih.

Penutup Pidato Porseni :
Kula kinten cekap semanten atur kula, menawi wonten kalenggahanipun anggen kula matur, saha solah bawa ingkang mboten mranani penggalih, kula nyuwun pepunten. Dhumateng para kanca kula aturaken sugeng tetandhingan, sugeng nggayuh prestasi, lan matur nuwun, awit kawigatosipun, Nuwun.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Itulah contoh pidato singkat Bahasa Jawa Porsenitas yang dapat saya contohkan kepada anda, silahkan bagi anda yang ingin membawakan acara Porsenitas baik Guru maupun Ketua Osis dapat menjadikan contoh pidato singkat Bahasa Jawa ini untuk dibawakan pada acara pembukaan Porsenitas sesaat sebelum acara tersebut dimulai, akhir kata saya ucapkan terima kasih dan salam sportif.
Loading...
Back To Top